Minggu, 16 November 2014

Pengalaman Lomba Kaligrafi

Nalika kula kelas 4 SD, kula lan rencang kula dipundhawui makilake SDN Pakisputih 02 kangge nderek lomba Kaligrafi sekecamatan. Rencang kula asmane Andi. Nanging lomba iku dianakake wektu kula kelas 5. Wektu kelas 4 SD, kecamatan nganakake latihan khusus Kaligrafi kangge lomba kelas 5. Kula lan rencang kula latihan ndamel Kaligrafi ing SDN Kedungwuni 05. Wektu latihan ndamel Kaligrafi diwiwiti saking jam 10.00-13.00 WIB. Wektu ndamel Kaligrafi angel banget. Wusananipun kula latihan terus kula dados saget ndamel Kaligrafi. Banjur kula munggah kelas 5, lombanipun arep dianakake. Wektu lomba dianakake ing SDN Kedungwuni 05. Wektu lomba Kaligrafi, peserta diparingi wektu 2 jam kangge ndamel Kaligrafi. Wusananipun kula saget ngrampungake . Pirang-pirang dina pengumuman juara diumumake Guru PAI kula. Kula entuk juara IX lan Andi entuk juara V sekecamatan. Manah kula bungah, kula dados entuk pengalaman ndamel Kaligrafi.

Banjur setaun, kula lan Andi munggah kelas 6. Kecamatan nganakake lomba Kaligrafi maneh, kula lan andi makilake sekolahan maneh. Banjur pirang-pirang dina lomba dianakake. Lomba dianakake ing SDN Kedungwuni 01. Peserta diparingi wektu 2 jam kangge ndamel Kaligrafi. “Alhamdulillah”, wektu kula cekap kangge ndamel Kaligrafi. Pengumuman juara diumumake, kula entuk juara 1 lan Andi entuk juara 1 sekecamatan. Dadosipun kula lan Andi nderek lomba maneh ing tingkat Kabupaten. Kangge persiapan lomba Kaligrafi, peserta dipundhawui ndamel conto Kaligrafi kangge nyonto wektu lombanipun. Kula lan Andi ndamel conto Kaligrafi ing griya Guru PAI kula.


Banjur pirang-pirang dina, lomba Kaligrafi tingkat Kabupaten arep dianakake. Lomba dianakake ing SDN Wonopringgo 01. Peserta dipundhawui ndamel Kaligrafi lan Al-Khot. Peserta diparingi wektu 4 jam. Kula ndamel iku wektunipun mboten cekap. Sawise lomba, peserta dipundhawui ngaso lan sawise wangsul. Pirang-pirang dina pengumuman juara diumumake ing sekolahan, wektu upacara Bendera Merah Putih. Kula entuk juara III lan Andi entuk juara IV sekabupaten. Kula diparingi saking Kabupaten tropi, piagam lan arta. Manah kula bungah banget. Kula bisa njunjungake asma SDN Pakisputih 02. Keluwarga kula pada bungah kaleh kula. Gawean conto Kaligrafi kula lan Andi dipajang ing sekolahan. Kaligrafi iku saget dados kenang-kenangan lomba kula lan Andi biyen.